About

Perfect World Online Spear Thingy

Pages

Sabtu, 22 November 2014

Atur Pasrah Adicara Temanten



Sepasang Temanten Ngagem Busana Adat Jawa Tengah

Ø Sambutan Pasrah Temanten Kakung
Assalamualaikum wr.wb.,
Kula nuwun,
Para sesepuh, para tamu kakung saha putri ingkang luhuring budi. Nyuwun pangapunten dene kula paripaksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kula matur ing ngarsanipun Bapa Suparno sekaliyan garwa.
Nuwun, Bapa Suparno sekaliyan garwa, kula minangka sulih atur saking Bapa Jatmiko sekaliyan, supados matur wonten ngarsa panjenengan. Ingkang sepisan, lumantar kula, Bapa Jatmiko ngaturaken salam taklim ugi kanthi pepuji mugi panjenengan sedaya tansah dipunparingi pangayoman dening Gusti ingkang Maha Kuwaos.
Ingkang kaping kalih, lumantar kula ugi, Bapa Jatmiko ngaturaken sewu agenging kalepatan, amargi Bapa Jatmiko boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung asma Bg. Jaka ingkang  badhe kadhaupaken kaliyan Rr. Sekar putra pawestri panjenengan.
Ingkang sak lajengipun kula ingkang kadhawuhan dening Bapa Jatmiko badhe masrahaken putra calon temanten kakung, mugi tumunten katindakna dhaup panggihing temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki. Kula sapangombyong tansah jumurung ing karsa, sinartan puji donga, mugi Gusti tansah ngijabahi dhumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedya.
Dene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan pangombyong temanten kakung, keparenga nyuwung pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.
Semanten ugi bilih menawi anggen kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sami wonten kalepatan, kula nyuwun lumunturing sih pangaksami. Wassalamualaikum wr.wb.

 Ø Pranata Adicara Temanten
Nuwun, kulanuwun.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
ü  Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
ü  Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
ü  Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
ü  Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
ü  Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
ü  Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
ü  Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebraya
ü  Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Ø Atur Pambagyaharja Pahargyan Temanten 
Atur Pasrah lan Pambagyaharja
Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ................................................ ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ................................... ingkang hamengku gati, kula pun ................................... lajeng kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika.

Purwakaning atur, Bp/Ibu ................................................. gotrah kulawarga ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang :

* asesilih Rara Ayu .................................... ingkang sampun kadhaup dening Bagus .................................... putra panjenenganipun Bp/Ibu .....................................

* peparab Bagus .................................. ingkang sampun kalampahan dhaup kaliyan Rara Ayu ...................................... atmaja putrinipun Bp/Ibu ..........................................

ingkang pidalem ing ...........................................................

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau/kalawingi ( enjing/sonten/dalu *) , nuwun inggih dinten ........................... nyarengi surya kaping ........................................ titiwanci tabuh ....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing ....................................... kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa.

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu ........................................ gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga RT ................ ngriki, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu ...................................... mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu ......................................... anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu .............................................. sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, para ingkang samya mangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp ....................................... sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya.

Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu ................................................ gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika.

Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparenga diagung ing pangaksami.

Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Ø Panampi Pasrah
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang dahat kinurmatan.
Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung awit kula jumeneng ing mriki.
Panjenenganipun Bapak ………………………. (asmanipuningkang masrahaken) kula minangka wakilipun Bapak……………..sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bapak……………………….sekaliyan nembe ngeraosaken bombongin
penggalih suka pari suka pikantuk sung-sung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan.
Sepindah, panjenenganipun Bapak,. …………… sarimbit
ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan dhumateng
Bapak saha Ibu…………………, katitik ing wekdal punika saged
ngajangi pawiwahan upacara pasrah-pasrahan.
Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak………………….
sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng rawuh panje-nengan sadaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki mlarapaken sarat sarana pasrahan saking dalem dumugining wisma mriki.
Kaping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi dening Bapak………………….sekaliyan, ingkang lumantar Bapak …………………… (ingkang ngaturaken pasrahan) kala wau.
Semanten ugi Bapak…………………. sekaliyan ngaturaken
salam mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha Ibu………………..kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing godha ren-cana.
Kaping sekawan, Bapak…………………………..sekaliyan neda nerima ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bapak………………….sekaliyan kersa angenthengaken bot kare-
potaning Bapak……………………..
Pramila saking punika, pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanthi suka renaning manah. Menawi sadayanipun sampun sumekta ing damel, Sri panganten kekalih badhe kadhau-paken .
Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak……………………sarimbit mugi panjenenganipun dalah para pangaraking panganten sedaya kasuwun kanthi sanget kaparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi miranggan ngantos dumugi paripumaning pahargyan punika.
Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula nga-turaken atur panampi punika taksih kathah cicir-cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula namung nyuwun gunging samodra pangaksama.
Nuwun,
Akhirulkalam, billahit taufik wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Dekorasi Manten Modern


0 komentar:

Posting Komentar